Wujudmu tan kasat mata
Nanging tekamu gawé horeg wong sakndonya
Ngluwihi anané perang donya
Kang nggunakké sanjata mawarna-warna
Mawa banten raga myang wutahing ludira
Nanging béda lamun anamu
Wahyaning wahyu tumelung, tulus tan kena tinegor (wirid hidayat jati, R.Ng. Ronggowarsito)