Senin, 08 Juni 2020

Pitung Geguritan Amie Williams

VIRUS CORONA

Wujudmu tan kasat mata
Nanging tekamu gawé horeg wong sakndonya
Ngluwihi anané perang donya
Kang nggunakké sanjata mawarna-warna
Mawa banten raga myang wutahing ludira
Nanging béda lamun anamu

Tanpa rupa
nanging nyata ana
Tanpa sumbar tanpa cecala
Mrawasa janma hanemahi roga
Tanpa wilangan kang kongsi tekèng léna
Kwawa gawé mirising menungsa

Saindhenging bawana padha ngrasa sungkawa
Mbudidaya kepriye nggone padha bisa luput  saka olah krodhanira
Mawarna cara ditindakna
Murih sirep sakabèhing memala
Kang tumeka saiki durung ana titikan sirna

Hèh ... menungsa
Aja gempung aja bingung
Kabèh mau pancèn karsaning Hyang Agung
Mula piwelingku muhung
Tansaha taberi manekung
Mrih uripira tansah jinangkung
Rahayua jagad sawegung

06032020



VIRUS CORONA II

Banget ngedab-edabi anamu ngluwihi dhemit
Tanpa taha-taha menungsa mlebu rumahsakit
Polahe menungsa pating penthalit
Ngadhepi Corona si bibit penyakit

Diwedèni ngluwihi anané bom nuklir
Kabèh menungsa padha waswas kuwatir
Temah atiné kari sakmenir
Mula sinung budi kudu diulir
Olahrasa lan olah pikir

Budidaya urip resik
Tebih saking tulak sarik
Lan aja kesusu panik
Kang tundhoné mesthi ora apik
Sikep sabar darana kuwi luwih becik

Urip prasaja lan tansah mawas dhiri
Karya santosaning pracaya dhiri
Anggung nyadhong sihwilasaning Hyang Widdi
Mrih jinangkung siyang myang ratri
Angga bagaswaras saben ari
Sagung batih hamanggya ayem tentrem sejati

06032020



WONG MATI MASA WURUNGA

Nyata kridhamu nggegirisi
Kwawa nggegeter janma salumahing bumi
Kabèh samya sayuk saékakapti
Antisipasi kanggo ngadhepi
Silih awèh pituduh kanggo solusi
Mrih luput saka pangamuking Corona kuwi

Ewasemono kèh janma ora duwé ati
Mung tansah mikir dhiri pribadhi
Numpuk topèng ( masker ) krana ngoyak bathi
Ndableg nora duwé nurani
Tan mikir liyan kang bingung kepati

Apa kowé ngerti?
Lamun Gusti wus nimbali
Nora siyang nora ratri
Nora bisa disemayani
Mula aja seneng nyulayani
Bisoa tansah karya énak tyasing sesami

Marganing pati nora mung sawiji
Virus Corona mung salahsiji
Maewu dalan jalarane pesthi
Mula dipadha ngati-ati
Sumarah pasrah mring pangwasaning Gusti
Kang becik dilakoni
Kang ala dènsingkiri
Amar makruf nahi munkar jaré mbah Kyai

Kuncènana
Gedhongana
Wong mati masa wurunga

09032020



NGRESEPI

Wirama warih tumurun saka akasa
Kadi laras unine gendhing sampak
Muwuh pepes kekesing swasananing driya
Hangiring budhaling wadyabala menyang rananggana
Gumrudug tanpa larapan
Gumrunggung kadi bremara alihan
Kala-kala kapyarsa ayam jalu jejeritan munya
Kadi senggakan gerongane wiraswara
Hmmm ... saya ketungkul katrem jeruu ing panglamunan

20022020



SURYATMAJA

Muhung kwawa unjal napas jroning jaja
rikala ing pang wreksa mandira
Kukila dhandhang weh tengara
Weweh warta kingkin duhkita
saka pabaratan kurusetra
Mawar puspitarum sumawur warata tanpa sela
Dhuh  jagad Dewa Bathara pangreksa loka
Teka tega hamungkasi karya sang Sinatrya
Datan maelu risang dasih atawan udrasa
Kadya dineres mijil mili ponang waspa
Surem kang bagaskara lwir kasaput warana
Nganyut-anyut gendhing tlutur kapyarsa
Humiring lepasing yitma sang Suryatmaja
Atilar dasih  Surtikanthi kantaka nahen sungkawa
Dhuh dhuh nyawa gondhelana

13092019



PURNAMASIDI

Wengi sepi jinem
Ing sangisoring wit pelem
Daksawang tlenek-tlenek lakumu
Aris merdika tanpa sanggan
Tansah angumbar esem
Tulus tanpa pulasan lan ulas-ulas
Ngadhemke pikir lan pangrasa

Ora kaya wong-wong kae
Kang padha ngungal jaja
Ngumbar swara, ngetokke hawa
panyandra ala marang wong liya
Eee ... wong pangane ya padha, sega
Inumane ya padha, toya
Mbok iyaa padha ngrumangsanana
Uripmu lan uripku kuwi ana kang murba
Njur apaaaa ... sing mbokagul-agulke ki neng ndonya
Mbok ya nyawang mring dhiri priyangga
Coba keplaken pipimu, apa krasa lara?
Jiwiten tanganmu, apa ya krasa lara?
Rebut bener kuwi nora guna
Mung gawe pingget rasa pangrasa
Nyirep murub mubyare hawa kuwi utama
Laku becik luwih prayoga
Sareh sabar darana ugemana

Kae kae lho sawangen
Ing suwalik tipising mega-mega seta
Hmmm ... rembulan mesem merakati
Nora nate dredah tukaran karo lintang lan pratanggapati
Kekancan satulusing ati
Gegojegan ngronce puspita adi
Ngayahi kardi dhawuhing Gusti
Rukun salawase anggung sumiwi
Kae kae ... sawangen endahe
sumunar nyengsemi
Rembulan purnamasidi
Tuhu ngedab-edabi yasaning Gusti

102019



NGUMBAR GAGASAN

Heneng hening prabawaning ati.
Mung pangrasa tuwuh rasa samar.
Baya ta kawusanane
Nepus dirganing dalu. 
Kadi peksi angebar swiwi
Mencok gigiring mega
Angulat tumurun
Saiba bungahing nala
Akekancan edhum cahya wulandari
Pinangka mitra nendra

30122019

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

A Anzieb A. Khoirul Anam A. Muhaimin Iskandar A. Mustofa Bisri A. Qorib Hidayatullah A. Rodhi Murtadho A.H. J Khuzaini A.S Laksana Aa Sudirman Abdul Kirno Tanda Abdurrahman Wahid Acep Iwan Saidi Achiar M Permana Addi Mawahibun Idhom Adhi Pandoyo Adi W. Gunawan Afrion Afriza Hanifa Afrizal Malna Agama Para Bajingan Aguk Irawan MN Agung Poku Agus Buchori Agus Mulyadi Agus Noor Agus R. Sarjono Agus R. Subagyo Agus Setiawan Agus Sulton Agus Sunyoto Agus Wahyudi Agusri Junaidi AH J Khuzaini Ahmad Baso Ahmad Dahri Ahmad Farid Yahya Ahmad Muchlish Amrin Ahmad Munjin Ahmad Naufel Ahmad Rifa’i Rif’an Ahmad Syauqi Sumbawi Ahmad Tohari Ahmad Yulden Erwin Ahmad Zaini Ahmadul Faqih Mahfudz Ahmadun Yosi Herfanda Akhlis Purnomo Akhmad Sekhu Akhmad Taufiq Akhudiat Albert Camus Alfathri Adlin Alfian Dippahatang Ali Audah Alim Bakhtiar Alimuddin Amelia Rachman Amie Williams Amien Kamil Amien Wangsitalaja Aming Aminoedhin An. Ismanto Andhi Setyo Wibowo Andik Suprihartono Andri Awan Anindita S Thayf Anjrah Lelono Broto Antologi Sastra Lamongan Anton Wahyudi Anugrah Gio Pratama Anung Wendyartaka Aprinus Salam APSAS (Apresiasi Sastra) Indonesia Arafat Nur Ari Welianto Arief Rachman Hakim Arif Hidayat Arif Saifudin Yudistira Arman A.Z. Arsyad Indradi Arti Bumi Intaran Asarpin Asep Dudinov Ar Atafras Awalludin GD Mualif Ayu Nuzul Bahrum Rangkuti Beni Setia Benni Setiawan Benny Benke Berita Bernando J. Sujibto Binhad Nurrohmat Bonardo Maulana Wahono Bre Redana Budi Darma Budiman Hakim Buku Bung Hatta Bustan Basir Maras Butet Kertaredjasa Candrakirana Capres Cawapres 2019 Catatan Cerpen Chairil Anwar CNN Indonesia Coronavirus COVID-19 Cunong N. Suraja D. Zawawi Imron Dadang Ari Murtono Dahlan Iskan Dahlan Kong Damiri Mahmud Danarto Daniel Dhakidae Deni Jazuli Denny JA Denny Mizhar Dessy Wahyuni Dewi Satika Dian R. Basuki Dian Sukarno Dian Tri Lestari Dien Makmur Din Saja Dinas Perpustakaan Daerah Lamongan Diponegoro Djoko Pitono Djoko Saryono Doddi Ahmad Fauji Doddy Hidayatullah Dodit Setiawan Santoso Dody Yan Masfa Donny Anggoro Donny Darmawan Doris Lessing Dr. Hilma Rosyida Ahmad Dwi Pranoto Dyah Ayu Fitriana Edisi Khusus Edy A Effendi Egidius Patnistik Eka Budianta Eka Kurniawan Eko Hendri Saiful Eko Prasetyo Eko Tunas Ekwan Wiratno el-Ha Abdillah Enny Arrow Erdogan Esai Esthi Maharani Estiana Arifin Evi Melyati F. Budi Hardiman F. Rahardi Fahmi Faqih Fahri Salam Faisal Kamandobat Farah Noersativa Fatah Anshori Fatah Yasin Noor Feby Indirani Felix K. Nesi Festival Gugur Gunung Forum Santri Nasional Frischa Aswarini Fuad Mardhatillah UY Tiba Fuad Nawawi Galeri Sonobudoyo Galuh Tulus Utama Gampang Prawoto Geger Riyanto Geguritan Goenawan Mohammad Gola Gong Grathia Pitaloka Gugun el-Guyanie Gus Ahmad Syauqi Gus Dur Gusti Eka Habib Syech bin Abdul Qodir Assegaf Halim HD Hamdy Salad Hamid Jabbar Hamka Hamzah al-Fansuri Hari Puisi Indonesia (HPI) Harris Maulana Hasan Basri Hasnan Bachtiar Herry Fitriadi Herta Muller Heru Kurniawan Hesti Sartika Hilmi Abedillah Hudan Hidayat IAI TABAH Ibnu Wahyudi Idrus Efendi Ignas Kleden Iis Narahmalia Imam Jazuli Imam Nawawi Imamuddin SA Iman Budhi Santosa Imron Tohari Indra Intisa Indra Tjahyadi Indra Tranggono Inung As Irfan Afifi Irwan Kelana Isbedy Stiawan Z.S. Iwan Simatupang Jafar Fakhrurozi Jajang R Kawentar Jalaluddin Rakhmat Jawa dan Islam JJ. Kusni Jo Batara Surya Joni Ariadinata Jordaidan Rizsyah Jual Buku Paket Hemat Jurnalisme Sastra K.H. Ma'ruf Amin Kadek Suartaya Kadjie MM Kalis Mardiasih Kanti W. Janis Karang Taruna Kedungrejo Katrin Bandel Kedai Kopi Sastra Kedung Darma Romansha Kedungrejo Muncar Banyuwangi Kemah Budaya Panturan (KBP) Kembulan KetemuBuku Jombang KH. M. Najib Muhammad KH. Muhammad Amin (1910-1949) Khairul Mufid Jr Khawas Auskarni Ki Ompong Sudarsono Kitab Arbain Nawawi Kitab Kelamin Kompas TV Komplek Gor Kamantren Paciran Lamongan Komunitas Buana Kasih Komunitas Penulis Katolik Deo Gratias Komunitas Perupa Lamongan (KOSPELA) Komunitas Sastra dan Teater Lamongan Komunitas Sastra Ilalang Indonesia (KSII) Komunitas Selapan Sastra Kopi Bubuk Mbok Djum Kostela KPRI IKMAL Lamongan Kritik Sastra Kumpulan Cerita Buntak Kuswaidi Syafi’ie L Ridwan Muljosudarmo L.K. Ara Lagu Laksmi Shitaresmi Lan Fang Launching Buku Launching dan Bedah Buku Lawi Ibung Linda S Priyatna Literasi Liza Wahyuninto Lona Olavia Lukisan Lukman Santoso Az M. Faizi M. Lutfi M. Raudah Jambak M.D. Atmaja Maduretna Menali Mahendra Cipta Mahmud Jauhari Ali Mahwi Air Tawar Maimun Zubair Maiyah Banyuwangi Malkan Junaidi Maman S. Mahayana Manneke Budiman Maratushsholihah Mardi Luhung Marhalim Zaini Maria Magdalena Bhoernomo Mariana Sitohang Mario Vargas Llosa Marsel Robot Mas Garendi Mashuri Massayu Masuki M. Astro Max Arifin Media Seputar Indonesia Mei Anjar Wintolo Melukis Membongkar Mitos Kesusastraan Indonesia Menggalang Dana Amal MG. Sungatno Mianto Nugroho Agung Mien Uno Miftachur Rozak Mihar Harahap Mochtar Lubis Moh. Husen Moh. Jauhar al-Hakimi Moh. Syafari Firdaus Mohamad Sobary Mohammad Rokib Mohammad Wildan Motinggo Busye Muafiqul Khalid MD Muhammad Al-Fayyadl Muhammad Alfatih Suryadilaga Muhammad Alimudin Muhammad Anta Kusuma Muhammad Marzuki Muhammad Muhibbuddin Muhammad N. Hassan Muhammad Subarkah Muhammad Yasir Muhammad Yunus Muhidin M. Dahlan Mukhsin Amar Mulyosari Banyuurip Ujung Pangkah Gresik Munawir Aziz Mutia Sukma N. Syamsuddin CH. Haesy Naskah Teater Ndix Endik Nenden Lilis A Nezar Patria Ni Made Purnama Sari Ninin Damayanti NKRI Nur Taufik Nurel Javissyarqi Nurul Komariyah Obrolan Orasi Budaya Akhir Tahun 2018 Orhan Pamuk Pagelaran Musim Tandur Palestina Palupi Panca Astuti Pameran Lukisan Parimono V / 40 Plandi Jombang Pawon Seni PDS H.B. Jassin Pekan Literasi Lamongan Pelukis Tarmuzie Pendhapa Art Space Pendidikan Penerbit Pelangi Sastra Pengajian Pipiet Senja Politik Pondok Pesantren Mamba'ul Ma'arif Denanyar Jombang Pramoedya Ananta Toer Presiden Jokowi Proses Kreatif Puisi Puisi Menolak Korupsi (PMK) Pungkit Wijaya Pusat Studi Budaya Banyuwangi (PSBB) Pustaka LaBRAK Putu Fajar Arcana R Giryadi R. Ng. Ronggowarsito Radhar Panca Dahana Raedu Basha Rakai Lukman Rakhmat Nur Hakim Rani R. Moediarta Raudal Tanjung Banua Raudlotul Immaroh Reiny Dwinanda Remy Syaldo Remy Sylado Rendy Adrikni Sadikin Resensi Reuni dan Halal Bihalal Mts Putra-Putri Simo 1991-1992 Ribut Wijoto Ridwan Munawwar Galuh Riki Antoni Riki Dhamparan Putra Rimbun Natamarga Rinto Andriono Robin Al Kautsar Rodli TL Rofiqi Hasan Romel Masykuri Nur Arifin Ronny Agustinus Rosi Rosihan Anwar Rosmawaty Harahap Roy Kusuma Rumah Budaya Pantura (RBP) Rx King Motor S. Jai S.W. Teofani Sabrank Suparno Sahaya Santayana Sainul Hermawan Sajak Salman Faris Sandiaga Uno Sanggar Lukis Alam Sanggar Pasir Sanggar Rumah Ilalang Sanusi Pane Sapardi Djoko Damono Saripuddin Lubis Sasti Gotama Saut Situmorang Saya Sayyid Muhammad Hadi Assegaf Sejarah Sekolah Literasi Gratis (SLG) SelaSAstra Boenga Ketjil Seni Gumira Ajidarma Seni Rupa Seno Joko Suyono Setia Budhi Shiny.ane el’poesya Shofa As-Syadzili Sholihul Huda Shulhan Hadi Sihar Ramses Simatupang Siti Aisyatul Adawiyah Siwi Dwi Saputro Soediro Satoto Soeparno S. Adhy Soesilo Toer Soetanto Soepiadhy Sofyan RH. Zaid Sosiawan Leak Sri Wintala Achmad STKIP PGRI Ponorogo Subagio Sastrowardoyo Suminto A. Sayuti Sunardian Wirodono Sunlie Thomas Alexander Sunoto Sunu Wasono Sunudyantoro Suryanto Sastroatmodjo Susianna Sutan Iwan Soekri Munaf Sutardji Calzoum Bachri Sutejo Syahrudin Attar Syaifuddin Gani Syaikh Prof. Dr. dr. Yusri Abdul Jabbar al-Hasani Asyadzili Syaikh Yusri al-Hasani Al Azhari Taman Ismail Marzuki Taufiq Wr. Hidayat Teater Ilat Teguh Afandi Temu Penyair Timur Jawa Tengsoe Tjahjono Tere Liye Toko Buku PUstaka puJAngga Lamongan Tri Wahono TS Pinang Tsani Fanie Tulus S Udo Z. Karzi Umar Kayam Umbu Landu Paranggi Umi Kulsum Universitas Jember Untung Wahyudi Uwell's King Shop Uwell's Setiawan Virdika Rizky Utama W.S. Rendra Wage Daksinarga Wahyu Aji Wawan Eko Yulianto Wawancara Wayan Sunarta Widie Nurmahmudy Yanuar Widodo Yanusa Nugroho Yerusalem Yetti A. KA Yohanes Padmo Adi Nugroho Yohanes Sehandi Yoks Kalachakra Yonathan Rahardjo Yuditeha Yusri Fajar Yuval Noah Harari Zainal Arifin Thoha Zehan Zareez Zuhdi Swt Zulfikar Akbar