Bumiku putih
Gumelem lawan swasana kang ukel, santa-sumanta kang
wekel
Penining Adam lan Hawa sing arerangkulan mawa
pratela
Apa lan kapan-baya ngestupada
Bumiku putih
Abanda-binastha lamun langit ngarang-ganda
Sasat mandra-sastra karana ngukel pangaribawa
Ubengingira jantra sing kinarya sesering jurit
Tumandang, tumambirang, mawa kringet anget asin
Saha necep samodra rekta mahendra
Bumiku putih
Sumber-sunar puja, sumbering ajar tuwin pam bengkas
Laksana-pada kang aweh kabagyan ing teleng sanubari
Bebasan ana wengi leleh-luluh neng parak-esuk kang
nglilir
Lan nyengkuyung bocah mangkat sinau
Ngobahake panarima mudha sing siniyaga
Ana polah, ana titir, ana gagasan
Mrengkel-atos ing swiwine Ibu Bumi mahaluhur
SURAK
Ana surak ginawe pawadining mulat?
Bareng ngajap kaprawiran, ana uga babaraning
pagerkawat
Sarta babarpisan ora bias nungtumake kabisan edi
Sajroni urip-urip linampakah mawa pangesthi
Ana surak nggandhuhake wewadi kang ngawe?
Gawe-gawe dhatan pantes, ning meksa kawigaten tumitis
Banjur ngawekani pambudidaya sing kabotan
Pitaya mring raseng nala samurwate?
Ana surak ginawe pituwas, lan surak mau tumilas
Ngangkah saha mrantah, awit ingayatan dening getas
Iba wantere, jalaran lakujati binantalan prihatin
Ora mung bawane kingkin kang kaslendhang
Urub tur ngukub kawibawan
Ana surak binuntel ing bebana?
Sun-atag sarira pribadi, sun-atag kaprayitnan
Mbentengi praja-di, mbentengi praja-di
Awit surak-santak iku darbeke bapak
Kang jumeneng tengahe barak
Tuwin saben klenggak, pinarake gojag-gojeg
tinanggelan!
BAWANE BAWA
Bawaning bawa mung sindur-sampur kewala
Lan ora gingsir saka kendhali sangga
Mungguh kang lengket mung wajare, dudu karep ginape
Bawaning bawa sing linangkung, bapa
Pandham-prana kaya lakon pangentasan tansah murni
Dhasar ngancik pancadan kautaman, ngancik prananing
dumadi
Ana napas landhung, ana napas seger, dadi
pambudidaya
Bawaning bawa amung tinakir mawa reksapraja
Praja kang njenggelek, praja kang jumeneng
Ngrakit jeneng sing pinathok lan pinantha-pantha
Samono greget tuwin gathuke karo ayang-ayang bawana
____________________________________
Juru ketik ulang oleh Arief Rachman Hakim
_____________________________________
Tidak ada komentar:
Posting Komentar